KASUWUN SIOGO DIPUN AWITI SAKING PRIBADI
Kamituwa 17 Maret 2020 13:58:40 WIB
Giritirto (SIDA SAMEKTA) Selasa 17 Maret 2020 Covid-19 sing wis sumebar ing Indonesia gelem ora gelem akeh aktifitas kudu diundur sawetara, utawa dibatalake. Saka aktifitas olahraga nganti pendidikan, kabeh disuda.
Sakliyane kuwi, wis akeh universitas sing miwit nganakake perkuliahan via wartel (SLJJ). Maksude sarana online. Ana sing suwene nganti saksemester, ana sing mung rong minggu. Daerah sing wis netepake Lockdown sing paling dhisik Daerah Jakarta, uga ing Solo awit ana wong mati ing RS. Muwardi sing jebul positip Covid-19.
Pamarentah Indonesia sing dhisike kumalungkung menawa Indonesia bebas Corona, saiki mung bisa nglentruk, kaya kethek ditulup.
Telat olehe cepak-cepak. Kepara cepak-cepake ndadak ngenteni ana korban mati dhisik. Malah sing digagas mung investasi, investor, ekonomi, lan pariwisata!
Sega wis dadi bubur. Covid-19 wis kadhung sumebar. Pamarentah Indonesia tundhone nggawe aturan prei kanggo akeh instansi sing suwene udakara rong minggu. Kareben masyarakat ngelongi kontak fisik kanthi meneng ana njero omah. Nek ora ana kabutuhan sing wigati banget, dipenging aja nganti metu ngomah.
Cilakane, Kebijakan lockdown iki dimaknai minangka wektu 'liburan' dening wong Indonesia. Kae bisa disawang wong Jakarta sing malah kemruyuk dolan Bogor. Padahal Bogor dadi pusat sebarane Covid-19.
Saumpama gelem sareh, gelem sabar. Anane Covid-19 lan anane kebijakan lockdown kuwi ngemu makna nek manungsa dikon ngunjal ambegan.
Leren saka oyak-oyakan kalawan urip sing ngoyak raja brana nganti lali wayah nyepi, manepi, nyedhaki marang Gusti.
Isine sirah sedina-dina mung pakaryan lan kekarepan. Urip sedina-dina sing marai manungsa prasasat robot.
Lockdown wayahe nenepi, tanapi siyang ratri. Ngelingi, duwe dosa apa manungsa mungguhe Gusti...
Dokumen Lampiran : KASUWUN SIOGO DIPUN AWITI SAKING PRIBADI
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Hasil Seleksi Kaur Pangripta Kalurahan Giritirto
- 4 Calon Pamong Kalurahan Ikuti Seleksi Kaur Pangripta di SMK 1 Purwosari
- Seleksi Pamong Kalurahan Giritirto Digelar Hari Ini, Ujian Tertulis dan Komputer
- Penyalurkan Bantuan Cadangan Pangan Pemerintah (CPP) 2026
- Pembekalan Bagi Calon Pamong Kalurahan Formasi Kaur Pangripta
- Pagelaran Wayang Kulit, Merti Dusun Padukuhan Petoyan dan Nglegok
- Satpol PP DIY Gelar Pembinaan Kelompok Jaga Warga
Komentar Terkini
-
By Kesra
hallo..... pak pendamping , kapan ke giritirto , s...baca selengkapnya
20 September 2019 14:05:28 WIB -
Semoga menjadi ajang ukhuwah kagem sederek dusun t...baca selengkapnya
29 Juni 2018 05:57:25 WIB -
karno
semoga dengan temu kangen warga tompak diperantaua...baca selengkapnya
27 Juni 2018 22:49:44 WIB -
karno
semoga dengan temu kangen warga tompak diperantaua...baca selengkapnya
27 Juni 2018 22:46:45 WIB -
Sarjiyo
1.syarat pendidikan min apa ? 2.Apakah ada diklat/...baca selengkapnya
05 Februari 2018 19:28:17 WIB -
acep cahyono
barokallah fih semoga tahun depan semakin maju ...baca selengkapnya
08 Desember 2017 14:02:21 WIB -
khayangan
ngaturaken agunging panuwun dumateng sedayanipun,s...baca selengkapnya
03 November 2017 13:50:48 WIB -
hartini
semoga makin berkembang dan mampu bertahan di era ...baca selengkapnya
01 November 2017 08:25:39 WIB -
Mugi Mugi dipun Paringin kesabaran kagem keluarga ...baca selengkapnya
29 Oktober 2017 18:49:12 WIB -
jony
wuhhh ayo nyungsung lurrr...baca selengkapnya
29 Oktober 2017 16:00:20 WIB
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |










